Nadyan Kowe Ora Tresna,
Tumetesing udan sore kuwi, tan saya ngabot – aboti rasaning ati iki , naning kenanggapa rasa abot kuwi sakemper kaya ilang katherak maruta, mabur ilang ana ing ngendi....?, sakwise daktrima SMS saka Rini, kanca tangga kelas ing sekolahanku. Aku iki ora ngerti menawa sejatine rasa iki apa?
Mak dheg..! Embuh, ajeg kaya mengkono seben jenenge kuwi kumeblat jroning pangangen. Jebul angel banget nggone ngakali ati. Jare saumpamane ana rasa kaya mengkono enggal – enggal wudhu banjur Sholat, luwih – luwih maca Al – Qur’an. Nanging panrimaku malah praupane kuwi tansaya teka ing pikiranku, mubeng – mubeng gawe dheg – dheganing ati. Apa pancen iki sing diarani tresna?
Rini kuwi bocahe rada menengan, uga dak gatekake namung dolane karo kanca sakbangkune, kaya ora ana kanca liyane. Aja – aja kanca bocah lanang, bocah wadhon wae prasasat bisa dietung driji, padahal sakelas uga akeh kancane. Nanging Rini kuwi pinter, muslimah, ditambah ayu praupane. Sapa njajal bocah lanang kang ora naksir karo Rini?
Saka cilik aku iki gampang anggone golek kanca, ora kuwi lanang utawane wadhon, prasasat padha wae, nanging Rini kuwi kaya ana sing bedha karo kanca – kanca sing wis tau dak temoni.
Sore kuwi Rini isih ana ing mushola sekolahan, njaluk diwarai PR TIK saka sms mau. Padahal aku iki arep bali, tugasku ing ngomah isih akeh banget, nanging tak bela – belani, iki kabeh kanggo Rini. Apa maneh udan ing sore kuwi tambah deres, ya.. katimbang bali kudanan, teles kebes.
Sakweise tekan mushola Rini banjur ngundang aku, supaya enggal – enggal marai, ing kono ana bocah loro, Rini lan, sopo maneh yen dudu kanca sakbangkune kuwi mau.
“Mbok cepet ta, bar iki jam telu aku meh lunga” kandane rini marang aku.
“Ya arep ningndi ta...?” tak wangsuli.
Nanging ora ana tanggapan saka rini, banjur tak lanjutake marai PR TIK mau, saklawase marai Rini kuwi prasasat ora nggatekake babarblas, namung ngalamun apa kiaku rangerti. Sing nggatekna malahan kanca sebangkune kuwi mau. Wis dak coba sabar.
Let ra suwe ana suara sepedha motor ana ing samping mushola, kayane aku iki paham banget karo swarane sepedha motor kuwi. Nanging ora dakira, Rini banjur ngaca, benai dandanane lan pamit ninggalke aku, kanggo nemone bocah lanang kang nggawa sepedha motor kuwi, kayane uga wis da janjian sakdurunge.
Aku banjur bali ra peduli sore kuwi udan deres banget.
Kayane pancen bener, Rini kuwi ora ana respon babarblas marang tresnaku. Amargo aku uga ora wani nembung marang Rini menawa sejatine aku iki tresna banget marang slirane.
Sesuke kaya biasane, sekolah nganti sore. yen ana apa – apa Rini biasane njaluk tulung marang aku. Dina kuwi kaya ana sing bedha, pancen iya dina kuwi Ujian Nasional terakhir ana ing SMA. Banjur kanca – kanca kelas rolas pada mujahadah ing musola. Panjaluke ben mengko hasile apik ing biji ujian. Nanging Rini kok ora ana ing sak lawase mujahadah mau. Jare kanca sak kelase mau di pethuk bocah lanang, kayane si Mas’e. Sing wis kuliah.
Aku si pingine ora arep gawe prasongko elek marang pribadhine Rini, bocah wadon kang dak tresnani iki.
Sore banjur dak wanenake nelphun Rini, sadurunge pancen bener dak – dik – duk rakaruan. Tapi tak sela ambegan ndisit.
“Assalamua’alaikum,” salame Rini ana ing telphun
“Wa’alaikum salam” balesanku.
Banjur tak utarakake karepku, pertamane si takon kenangngapa ora melu mujahadah bareng ing mushola. Lan crita liya – liyane.
Banjur ing pungkasane telphun tak utarakake, sejatine aku iki banget trenane. Nanging Rini kuwi mangsuli yen sejatine pribadhine kuwi durung wani pacaran. Lan uga ngandani aku sebenere,
“ yen aku aku bali di pethuk iku arep ning griya sakit, ngancani ibuku kang lagi sakit,” ujare Rini.
“sing methuk kuwi ya uga dudu pacarku nanging mas ku sing wis kuliah ”. tambahe Rini, “ yen pancen bener kowe iku jodhoku aku iki ora bakal di jupuk wong lanang liya, wis ndisit ya aku durung sholat” kandane Rini marang aku. Banjur ngakhiri salam. Aku ora bisa ngucap apa- apa. Tapi mak dhek kayane ati iki dadi tentrem. Ya ben, kabeh kuwi dak lakokna kanggo kowe, Nadyan kowe ora tresna.
0 komentar:
Posting Komentar