TUGAS BASA JAWA
RINGKASAN CRITA WAYANG
MAHABARATA & RAMAYANA
Dening :
Idham Sumirat
Kelas XII IPA 3
SMA N 2 WONOSOBO
Jalan Banyumas Km 5 ( (0286)322614 Kode pos 56321
2012
Saking jinising wayang purwa ingkang kathah dipungandrungi déning tiyang Jawi, wayang punika mendhet lampahan saking babon Mahābhārata lan Rāmāyana ingkang sampun rinoncé déning para Pujangga Jawi satemah wonten bèntenipun kaliyan babon aslinipun ingkang saking India. Awit wayang punika rumiyin minangka salah satunggaling sarana dakwah para wali, pramila sarining cariyos India ingkang taksih mambet kaliyan Hindu dipunkirangi sekedhik mbaka sekedhik ngantos boten ketingal hindunipun. Babon aslinipun ingkang saking India punika winastan kitab Mahābhārata lan Rāmāyana, Mahābhārata punika salah satunggaling kitab suci tumrap tiyang Hindu India ingkang isinipun nyariosaken gumelaring jagad wangsa Bhārata ingkang dipunwastani pandava lan kaurava ugi nyariosaken gumelaring perang ageng Bhārata Yuddha (utawi perangipun darah Bhārata) wonten ing cariyos punika kawontenanipun perang boten namung dipunjalari rebatan negari namung ugi minangka pralambang tedhakipun avatar Wisnu minangka Krishna ingkang nedya nggulung kamurkan saha kliliping jagad lumantar Arjuna lan para Pandawa, Mahābhārata punika ugi sinebut Asthadaça parva awit wujudipun wonten wolulas bab, saking wolulas bab punika namung wolung parwa ingkang ngantos wekdal punika pinanggih sinungging mawi sastra Jawi kina antawisipun wolung parwa punika;
1. Ādiparwa, nyariosaken yajna sarpa (ngurbanaken sekabèhing naga saklumahing jagad) déning Raja Janaméjaya putranipun Prabu Parikesit, wayahipun radèn Abimanyu, utawi buyutipun Arjuna. lan asal usulipun Pandhawa – Kurawa ngantos dumugi dhaupipun Arjuna kaliyan Sembadra.
2. Wirātaparwa, nyariosaken lelampahanipun para Pandhawa ing nagri Wirata
3. Udyogaparwa, nyariosaken lampahan kresna duta.
4. Bhiçmaparwa, nyariosaken jumenengipun resi Bhisma minangka sénapati perang Kurawa lan Bhagawad Gita sarta perang ageng Bhārata Yuddha.
5. Āśramawāsaparwa, nyariosaken lampahan saksampunipun perang Bhārata Yuddha
ingkang dipunmenangaken para Pandhawa.
6. Mosalaparwa, nyariosaken lampahan sirnaning bangsa Yadu kawulanipun prabu Kresna.
7. Prasthanikāparwa, nyariosaken jumenenganipun Parikesit minangka ratu ing nagri
Astina.
8. Swargarohanaparwa, nyariosaken sédanipun para Pandhawa lan kawontenanipun ing Jaman kelanggengan
Mekaten ugi Rāmāyana, menawi salebeting Mahābhārata Wisnu tedhak ing ngalam
donya minangka Krishna salebeting Rāmāyana Wisnu tedhak ing donya minangka Rāmā
ingkang kagungan jejibahan nggulung angkara murkanipun Rahwana ratu ing Aléngka. Kitab
Rāmāyana wonten pitung kandha (bab) antawisipun;
1. Balakānda, nyariosaken lelampahanipun prabu Dasarata.
2. Ayodhyakānda, nyariosaken lelampahan alitipun Rāmā ngantos sayembara Sinta lan dhaupipun Rāmā kaliyan Sinta.
3. Aranyakānda, nyariosaken lelampahan Rāmā, Sinta, lan Lakshmana ing madyaning wana, lan cariyos Rahwana nyulik Sinta.
4. Kiskhindhyakānda, nyariosaken lelampahanipun Subali lan Sugriwa.
5. Sundarakānda, nyariosaken lampahan Rāmā tambak lan cariyos Anoman obong.
6. Yuddhakānda, nyariosaken lampahan perang antawisipun Rāmā lan Rahwana (Dasamuka).
7. Uttarakānda, nyariosaken lampahan saksampunipun perang lan cariyos Sinta obong.
Punika warnanipun kitab kalih ingkang dados babon lampahan ringgit ing pagelaran wayang purwa Jawi, nanging sinaosa babonipun punika cariyos saking kitab kekalih sampun dipun entha lan ronce miturut raos Jawi ingkang sampun salin rasuk agama rasul inggih punika Islam ingkang dinakwah déning para wali sanga saking kasultanan Demak Bintara. Wondene urut-urutanipun cariyos punika ngantos dados pakem ing pagelaran wayang purwa;
Wayang purwa Jawi, ingkang mendhet lampahan cariyos saking babon kitab Māhabhārata lan Rāmāyana Sansekerta India, nanging wiwit bedhahipun kraton Majapait lan adeging kraton Demak, cariyos Māhabhārata lan Rāmāyana punika sampun dipunéntha malih déning para Wali lan pujangga Jawi satemah dados cariyos Māhabhārata lan Rāmāyana versi Jawa ingkang sampun bènten kaliyan versi aslinipun ingkang saking India, awit wayang kanthi cariyos Māhabhārata lan Rāmāyana punika kadamel dakwah Islam déning para Wali ing tanah Jawa. Ing ngandap punika sarasilahipun Pandawa lan Kurawa manut versi India lan versi Jawa ;
‹ JANGKEPING KAWRUH PEWAYANGAN ;
Wayang kulit Jawa mliginipun wayang purwa, cariyosipun mendhet saking babon cariyos saking kitab – kitab bangsa Hindu (India) ; nanging cariyos punika sampun dipunothak – athik lan kajumbuhaken kaliyan swasana Jawa lan tedhakipun agama Islam. Wondéné cariyos punika antawisipun ;
Cariyos Arjunasasrabahu, cariyos punika kadadéyanipun nalika Bathara Wisnu manjalma /manitis dados prabu Arjunasasrabahu, paraga baken cariyos punika antawisipun ;
⇒ Patih Suwanda / Sumantri
⇒ Sukrasana
⇒ Dasamukha
⇒ Arjunasasrabahu
⇒ Para déwa tridasa watak nawa
Cariyos Rāmāyana, cariyos kadadéyanipun nalika Bathara Wisnu manjalma / manitis dados prabu Rāmāwijaya, paraga baken cariyos punika antawisipun ;
⇒ Radén Ramawijaya
⇒ Déwi Sinta / Sita
⇒ Prabu Dasarata
⇒ Prabu Rahwana
⇒ Sarpakenaka
⇒ Radén Kumbakarna
⇒ Radén Gunawan Wibisana
⇒ Dewi Kekayi
⇒ Radén Barata
⇒ Radén Laksamana
⇒ Resi Sumali
⇒ Prabu Subali lan Sugriwa
⇒ Para déwa tridasa watak nawa
Cariyos Māhābharata, cariyos kadadéyanipun nalika bathara Wisnu manjalma /
manitis dados prabu Kresna, paraga bakenipun antawisipun ;
⇒ Pandhawa Lima, Puntadéwa, Bima, Arjuna, Nakula lan Sadéwa.
⇒Sata Kurawa, Duryudana, Dursasana, Burisrawa, lsp.
⇒ Resi palasara
⇒ Resi bhisma
⇒Resi Durna
⇒ Prabu Kresna
⇒ Prabu Baladéwa
⇒ Prabu Kresna
⇒ Prabu Drupada
⇒ Prabu Matswapati
⇒ Dewi Kunthi
⇒ Prabu Drestharastra
⇒ Prabu Pandudewanata
⇒ Radén Yama Widura
⇒ Dewi Gandari
⇒ Para déwa tridasa watak nawa
⇒ Radén Abimanyu, Gatotkaca, Antareja, Antaséna, Lsp.
Salebeting Cariyos Wayang Purwa, lampahan punapa kémawon mesthi wonten paraganipun para panakawan utawi abdi wulu cumbu, panakawan punika wonten kalih ;
a. Panakawan ingkang momong Kabecikan (para satriya) wonten 4 cacahipun ;
o Ki Lurah Semar Badranaya ‰ Aslinipun Bathara Ismaya
o Ki Lurah Nala Garéng,
\]]
b. Panakawan ingkang momong Kadurjanan (para raseksa) wonten 2 cacahipun ;
o Ki Lurah Togog, => Aslinipun Bathara Tejamaya
o Ki Lurah bilung Saraita,
‹ Wondéné paraga wayang purwa Jawa ingkang baken wonten cariyos lampahan Arjuna sasrabahu, Ramayana lan Mahabharata, antawisipun ;
o Ki Lurah Semar o Ki lurah Garéng o Ki Lurah Pétruk o Ki Lurah Bagong o Ki Lurah Togog o Ki Lurah Bilung
o Para Déwa tridasa watak nawa
o Dasamuka
o Titisan Wisnu
o Anoman
‹ Péranganipun para paraga salebeting lampahan – lampahan kasebut ing nginggil, saged dipunpirsani ing ngandhap punika ;
o Jaman Arjunasasrabahu :
° Titisan Wisnu manjalma dados Prabu Arjunasasrabahu
° Para panakawan Semar, Pétruk, Garéng, lan Bagong momong Radén Sumantri
(Patih Suwanda).
° Para panakawan Togog lan Bilung momong Dasamuka
° Dasamuka
° Para Déwa tetep sami
o Jaman Rāmāyana :
° Titisan Wisnu Manjalma dados Prabu Ramawijaya
° Para panakawan Semar, Pétruk, Garéng, lan Bagong momong Prabu
Ramawijaya).
° Para panakawan Togog lan Bilung momong Dasamuka
° Dasamuka
° Anoman
° Para Déwa tetep sami
o Jaman Māhābharata :
° Titisan Wisnu Manjalma dados Prabu Kresna
° Para panakawan Semar, Pétruk, Garéng, lan Bagong momong Radén Arjuna
° Para panakawan Togog lan Bilung momong para ratu sabrangan
° Anoman
° Para Déwa tetep sami
?Idm\$umirt\.
?ski=pk\AmRih.
0 komentar:
Posting Komentar